Lirik Langgam Lego
Artis : Manthous
Lego rasaning ati
Kaleksanan kang dadi sedyaku
Wus suwe nggonku ngenteni
Mung sliramu kang tak impi-impi
Rino kelawan wengi
Tak sesuwun dungo lan pamuji
Wus dadi prasetying ati
Mugi-mugi Gusti paring idi
Tak geget pinggiring lathi
Opo tenan opo iki ngimpi
Eling-eling semono yen saben ketemu
Prengat prengut ra dadi kersane
Bebasan umpamane
Wong lumampah tur kasatan toyo
Tetesing katresnan jati
0 comments:
Thank you for visiting n comment
Please do not leave a live link / active link because it is automatically deleted