Lirik Tak Eling Eling
Lirik Tak Eling Eling
Lirik Tak Eling Eling
Artis : Manthous

Tak eling eling
Opo sliramu sing nate ketemu
Ing naliko iku
Candik ayu sumunar netramu

Sore kang edi amung esemu
Sing ora nguwati
Nadyan widodari
Kalah endah anyengsemke ati

Semar sabrang
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo
Wiwit iku atiku poyang payingan

Tak eling eling
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku
biso nyanding lintang panjerino

Semar sabrang
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo
Wiwit iku atiku poyang payingan

Tak eling eling
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku

Lirik Sluman Slumun Slamet
Lirik Sluman Slumun Slamet
Lirik Sluman Slumun Slamet
Artis :  Manthous

Sluman slumun watone slamet
Ngarep arep rejeki aja nganti seret

Pinter srawung tundhone wis mesthi untung
Ora wurung, yen tinulung becike ojo tanggung-tanggung

Sluman slumun sing penting slamet
Eling-eling ro kanca ora perlu njimet

Etung-etung ben sithik watone untung
Modal jujur sing penting sugih sugih sedulur
Sluman slumun slamet dasar wasis lan ubet
Aja samar saben dina wis mesthi ngliwet

Sluman slumun slamet ora dhemen nyimpet
Alah srimpat srimpet tundhone wis mesthi ruwet

Eman jo samar yen ra keduman
Nyasar nyusur wong sabar wis mesthi subur

Lirik Setya Tuhu
Lirik Setya Tuhu
Lirik Setya Tuhu
Artis : Manthous

Bawa Dhandhanggula:
Pamitanku nimas sida asih
Atut runtut tansah reruntungan
Ing sarina lan wengine

Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caketing ati
Yen cedhak tansah mulat
Sida asih tuhu

Pindha mimi lan mintuna
Ayo bareng nimas anetepi wajib
Sido asih bebrayan

Langgam:
Aku kang tansah satuhu wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng kepapag obor sumunur, antepku
Andhika panganyomanku lahir batinku wus nyata
Mung sajake andhika semune kurang rena

Tandha yekti paseksene rikalane, ngangkat awrat
Mlampah tebih datan lesu, mugi lestariya
Mugyantuk berkahing widhi andhika mung tansah limpat
Panyuwunku setya kula tansah anglam-lami

Lirik Sido Opo Ora
Lirik Sido Opo Ora
Lirik Sido Opo Ora
Artis : Manthous

Pi:
Mas mas sido opo ora mas jo pijer semoyo mas
Aku mengko gelo saben dino aku tansah
Ngenteni ojo ojo sliramu njur mbalik janji

Pa:
Dhik dhik nyebar nyebar godhong koro dhik sabar
Sawetoro dhik kowe cah manis wong kesusu
akehe sing mesthi kleru, sareh dhisik dhik aku
ra bakal mlayu

Pi:
Mbang kecipir mas kembange koro

Pa:
Ojo kuwatir dhik aku ra neko neko

Pi:
Neng magelang mas ojo lali jajane

Pa:
Jo sumelang dijamin tentu dadose

Pi:
Adhem adhem mas kemulan sarung

Pa:
Wis kadhung gelem dhik ra susah bingung bingung

Pi:
Menyang pasar mas kok ora tetuku

Pa:
Ati ra sabar kepingin kage ketemu

Lirik Simpang Lima
Lirik Simpang Lima
Lirik Simpang Lima
Artis : Manthous

Njanur gunung dik malem minggu kok ngalamun
Biasane sore-sore wis diapeli
Mangan timun mangan timun aja dicampur sabun
Timbang nglamun luwih becik ngelipur ati

Malem Minggu dik malem Minggu ayo mlaku-mlaku
Melu aku melu aku neng Simpang Lima
Rame rame rame rame karo kancane
Endahe kutho Semarang wayah wayah sore

(diukir-ukir kayune Jepara ayo ra)
Aja dipikir neng ati dadi lelara
(Sega pecel sate kerang neng Simpang Lima ayo ma)
Tiwas mangkel kebacut ditinggal-tinggal lunga

Lirik Rondho Kempling
Lirik Rondho Kempling
Lirik Rondho Kempling
Artis : Manthous feat Sunyahni

Ndak pundi mbak ayu badhe tindak pundi
Kadiingaren tindak wae ora numpak taksi
Dewekan opo ora wedi
Timbang nganggur kula gelem ngancani

Kleresan mas alias kebetulan
Blanjane kathah rodo kabotan
Yen purun enggal-enggal ngrencangi
Tekan ngomah mangke kula opahi

E e tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo napa mbakyu badhe pindahan

Ampun gela mas sampeyan ampun kuciwa
Kula rondho anyaran ditinggal lunga

Awan awan lunga blanja neng pasar pahing
Prawan rondhobagiku ora pati penting

Neng Semarang mas tuku gelang opo anting-anting
Jo sumelang ya ben rondho dijamin kempling