Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang
Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang
Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang
Artis : Waljinah

Bawa Sinom:
Yen ing tawang ono lintang
Cah ayu aku ngenteni
Marang mego ing angkoso
Sun takon wartane reki
Janji janji ku eling
Sumedot rasane tyas ingsun
Nimas ingsun mersopo
Sineksen bumi langit
Tangising tyas ngenteni padang rembulan

Langgam:
Yen ing tawang ono lintang cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mego ing angkosao nimas
Sun takokke pawartamu

Janji janji aku eling cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Lintang lintang ngiwi iwi nimas
Tresnaku sundul wiyati

Dhek semono janjiku disekseni
Mego kartiko kairing roso tresno asih

Yeng ing tawang ono lintang cah ayu
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri nimas
Ngenteni mbulan ndadari

Lirik Welingku
Lirik Welingku
Lirik Welingku
Artis : Waljinah

Sumedhot rasaning atiku yen ora klakon uripku
Ora ngira ora nglegawa semana tegane atimu
Kembang melati kang tak sandhing
Saiki alum dadi garing

Kasaput panasing kasunyatan
Wekasan lebur dadi areng
Arume kembang kembang nalika semana
Tansah tak simpen sak jroning atiku

Saiki ilang sirna kesalat geni dadi awu
Welingku iki kang pungkasan
Tak suwun aja dibaleni
Muga muga bisa kasembadan dadiya priya kang sejati

Lirik Ngelam Lami
Lirik Ngelam Lami

Lirik Ngelam Lami
Artis : Waljinah

Bowo Pucung:
Nadyan aku
Ora lali mring labuhmu
Kumledanging netro
Tiwas tiwas hanglam lami
Suwe suwe yen digagas gawe gelo

Langgam:
Pancen ora disedyo wong wis lali teko nyelo-nyelo
Katon kumledanging netro mulo ati banjur melu kroso
Nadyan laliyo wonge ora lali marang lelabete
Naliko podho tresnane ninggal bekti angel dilalekake

Suwe suwe yen digagas gawe gelo ati
Wekasane tiwas tiwas anglam lami
Paribasan upami sabuk cilik kebacut nemahi
Sapa sing gelem nglakoni yen ditari tageh yen nyaguhi

Lirik Nawala
Lirik Nawala

Lirik Nawala
Artis : Waljinah

Wis tak tompo nawalane surasane ugo wis mangerti
Warnao-warno pamuwuse temahane bisa ndudut ati
Ngantiyo tekan seprene soyo gawe ewuh ing pambudi
Nggonku kirim wangsulane sing mesthine dhewekke ngenteni

Ngora gampang sanadyan to mung nuliso layang
Amrih padhang yen diwoco wong sing lagi nandang
Ora sepiro wujude dirasakno abote kepati
Nawala mung dluwang wae diguwango anggondheli ati

Lirik Ngalamuning Ati
Lirik Ngalamuning Ati

Lirik Ngalamuning Ati
Artis : Waljinah

Yen tak roso
Ra kuwowo, roso jroning ati
Tansah kelingan kembange netro
Nggodha aku, rino wengi

Pancen nyoto
Yen si rupo, yo ra mitoyoni
Nanging aku wis kebacut, tresno
Angel nggonku angoncati

Pamujiku
Mbok bisowo katekan setyaku
Katresnanku u u u u ditimbangi
Tresno kang satuhu

Koyo ngopo
Ebo bungah, roso jroning ati
Katekan setyaku kang tak arep,
Bejo nggonku urip iki

Reff:
Pamujiku
Mbok bisowo katekan setyaku
Katresnanku u u u u ditimbangi
Tresno kang satuhuuuu

Koyo ngopo
Ibo bungah, roso jroning ati
Katekan setyaku kang tak arep,
Bejo nggonku urip iki

Lirik Lelo Ledhung
Lirik Lelo Ledhung

Lirik Lelo Ledhung
Artis : Waljinah

Bawa Mijil:
Cep menengo anakku cah manis
Ojo gawe kagol
Kae katon rembulane gedhe
Gilar-gilar cahyane nelahi
Ayo sun dolani
Sak bisa bisaku


Langgam:
Tak lelo lelo lelo ledhung cep menengo ojo pijer nangis
Anakku sing bagus rupane yen nangis ndhak ilang baguse
Tak gadhang bisa urip mulyo dadiyo priyo kang utomo
Ngluhurke asmane wong tuwo dadiyo pandekaring bongso
Wis cep menengo anakku kae mbulane ndadari
Koyo ndhas buto nggilani arep nggoleki cah nangis

Tak lelo lelo lelo ledhung cep menengo ojo pijer nangis
Tak emban slendhang bathik kawung
Yen nangis ibu mundhak bingung