Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang

Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang
Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang
Artis : Waljinah

Bawa Sinom:
Yen ing tawang ono lintang
Cah ayu aku ngenteni
Marang mego ing angkoso
Sun takon wartane reki
Janji janji ku eling
Sumedot rasane tyas ingsun
Nimas ingsun mersopo
Sineksen bumi langit
Tangising tyas ngenteni padang rembulan

Langgam:
Yen ing tawang ono lintang cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mego ing angkosao nimas
Sun takokke pawartamu

Janji janji aku eling cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Lintang lintang ngiwi iwi nimas
Tresnaku sundul wiyati

Dhek semono janjiku disekseni
Mego kartiko kairing roso tresno asih

Yeng ing tawang ono lintang cah ayu
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri nimas
Ngenteni mbulan ndadari

Previous Post
Next Post

0 comments:

Thank you for visiting n comment
Please do not leave a live link / active link because it is automatically deleted