Lirik Teh Poci
Lirik Teh Poci

Lirik Teh Poci
Artis : Nurhana

Teh poci mas manis gulo jowo
Mampir mriki bakule mbak ayu
Kerso ngunjuk teh poci biso kagem jampi
Jampi wuyung sing lagi gandrung

E sajake mas ono sing dikarepke
Milih mriki nopo milik kae
Pripun mas pie yen arep naksir bloko wae
Akeh liyane malah milik bakule
Pripun badhe manut wae

Teh poci dik manis gulo jowo
Pados jampi malah nemu rondo
Rondo soko brang wetan duwite segudang
Ngajak dolan pados hiburan

E sajake ono sing dikarepke
Pingin disko opo karaqoke
E pripun, e piye yen kesel ayo bali wae
Mumpung isih sore penake diteruske
Pripun aku manut wae

Lirik Terlena - Nurhana
Lirik Terlena - Nurhana
Lirik Terlena
Artis : Nurhana

Tansah kegowo jroning atiku
Setyo tresnamu
Lilo legowo kabeh tresnaku
Oh mring sliramu
Terlena kuterlena

Tansah kelingan tan bisa lali
Setyo lan janji
Lintang rembulan kang dadi seksi
Oh anyekseni
Terlena oh terlena

Nanging kabeh tondho tresno
Ora nate dadi reno
Malah sliramu gawe cidro

Biyen jare kondho setyo
Ora bakal gawe gelo
Malah saiki sajak lelewo
Adhuh kangmas
Gawe cuwo atiku

Nadyan kuciwo roso atiku
Marang sliramu
Ora kuwowo pancen tresnaku
Amung sliramu

Terlena ku terlena
Terlena ku terlena

Lirik Ojo Dipleroki
Lirik Ojo Dipleroki

Lirik Ojo Dipleroki
Artis : Nurhana

pi:
Mas mas mas ojo dipleroki
Mas mas mas ojo dipoyoki
Karepku njaluk di esemi

pa:
Tingkah lakumu kudu ngerti coro
Ojo ditinggal kapribaden ketimuran
pi : Mengko gek keri ing jaman
pa : Mbokyo sing eling
pi : Eling bab opo
pa : Iku budoyo
pi : Pancene bener kandamu

Lirik Nusul
Lirik Nusul

Lirik Nusul
Artis : Nurhana

Bawa:
Galo kae teko nusul
Ndhesel ndhesel jowal jawil
Padune gemang ditinggal
Andhek puno sengal sengil
Sumbar sumbar njaluk pethol
Ora wurung kinthil kinthil

Langgam:
Lha kae nusul teko teko ulate njegadul
Mripate brebes mili anehe nyedhaki njiwiti
Tekate nusul watone bisa mbalik kumpul
Galake dimareni rewele ora dipindoni

Godha neng ndalan eman eman yen mulih dhewe
Bisa kelangan katut setan sing ngganggu gawe
Lumrahe kaul jenenge dumeh meh disusul
Solahe ngrangkul ngrangkul padune sumelang disusul

Lirik Nonong
Lirik Nonong

Lirik Nonong
Artis : Nurhana

Nonong sing nonong sopo sing nduwe
Nonong sing nonong sing ayu dhewe
Nonong nambahi ayu ayu ayu dhewe
Nononge nambahi manis manis manis dhewe

Nonong sing nonong dudu bathuke
Nonong sing nonong larang regane
Nononge sing mesam-mesem kabeh-kabeh kangen
Nononge yen ngguyu merem kabeh-kabeh gelem

Dasar ayu tetep ayu nadyan nonong tambah ayu
Dasar manis tetep manis ndyan nonong tambah manis

Nonong sing nonong ngendi omahe
Nonong sing nonong angel tandhinge
Sing nonong dudu bathuke, adhuh-adhuh sayang
Sing nonong nyedhaka mrene adhuh-adhuh sayang

Lirik Mleset Janjine
Lirik Mleset Janjine

Lirik Mleset Janjine
Artis : Nurhana feat Santoso

Pi:
Jare janjine awan malah tekane sore
Pa:
Aku ra iso awan isone iki sore
Pi:
He mesthi tekane sore
Biyen nganti sak yahene mesthi molor janjine
Jare janji awan malah tekone sore
Kesel-kesel nggonku nunggu ngenteni teko sliramu
Pa:
Aku ra bisa awan bisane iki sore
Aja kesusu nesu iki lho mendhoan tempe

Pi:
Kuciwane atiku mangkel rasane
Mung nunggu ngarep tekamu kok mleset janjine
Pa:
Kabeh iki ra sengojo njaluk pangapuro
Aja dadi atimu kabeh mergo arto
Pi:
Jare janji awan malah tekone sore
Biyen nganti sak yahene mesthi molor janjine
Pa+Pi (kabeh ra ono bedane awan sore podo wae)

Pa:
Oh oh oh aku
Ra isa awan bisaku iki sore
Ja banget anggonmu nesu
Awan sore podo wae

Lirik Mas Joko
Lirik Mas Joko

Lirik Mas Joko
Artis : Nurhana feat Boy Suro

Nuwun sewu mas kulo badhe ndherek pirso
Nopo leres niki deleme mas Joko
Piantune alit mas kumis tipis lencir kuning
Bilih mlampah kados raden mas Janoko

Ora kleru dik ning sliramu kuwi sopo
Sajak e aku wis nate pirso

Jane lali mas opo yo mung reko reko
Nembe wingi njenengan le obral janji

Ojo dadi ati dik aku pancen lali dik
Wong sliramu katon seje
Wingi katon lemu ning saiki katon ayu

Opo bener mas kabeh ngendikamu

Ojo dadi ati dik aku pancen lali dik
Wong sliramu katon seje
Wingi katon lemu ning saiki katon ayu

Opo bener mas kabeh ngendikamu

Lirik Mawar Biru
Lirik Mawar Biru

Lirik Mawar Biru
Artis : Nurhana

Tumetesing waspaku
Ora tego rasaning atiku
Ninggalake sliramu
Priyo idamanku
Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake
Naliko bareng mlaku-mlaku

Ora nyono ora ngiro,yen ngene dadine
Aku kudu melu,
Ndherek’ake romo lan ibuku
Mulih nEng ndesaku
Wekasanmu welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openono minongko
Tondho katresnanku

Lirik Kadhung Tresna
Lirik Kadhung Tresna

Lirik Kadhung Tresna
Artis : Nurhana

Lamat wus katon tejane yen mbombrong katon mencrong
Adhuh wiragane sinawang tan amboseni
yen mboseni yen mbesengut
wimbuh patut nyata jatmika mrak ati

Adhuh
Lestariya lan lila pisah serema
Nadyan bebasane kelingan godhong sak lembar
Nimas
Kaya wus koncatan rasa sengseming atiku
Pacakane sarwa asri jro batinku tansah kuwur
Eman
Wus lumayan amung nimas para ningsih

Lirik Kencling
Lirik Kencling

Lirik Kencling
Artis : Nurhana

Upomo kowe kembang melati aku keris tak sampiri
Tresnamu tresnaku dadi siji tak jaluk jo nganti lali
Para tamu kakung miwah putri pada lenggah anyekseni
Kinalungan reroncen melati rama ibu mangestoni
Lamun pendhok tembaga bisa malih ingkang rupi

Lamun pendhok kencana iku lambang suci murni
Kinclong kinclong ayune tambah mencorong
Kencling kencling alah kencling dasar ayu lencir kuning
Kinclong alah kinclong cah manis ayo tak bopong
E buah kedhondhong saben wengi disobo kalong
Aku wedi yen digondhol uwong