Lirik Tragedi Tali Kutang
Tragedi Tali Kutang
Lirik Tragedi Tali Kutang
Artis : Cak Diqin feat Wiwid

Pria :
Dek biyen wis tak tuko'ke, wujud tali sak kutange
Saikine lha kok ilang sak slirane..
Lungo menyang endi, tanpo pamit ra ngabari
Opo lali kowe karo, aku iki..

Nadyan regane nem ewu, kuwi wujud katresnanku
Jare kowe melu aku, lha kok mlayu..
Opo kurang larang, pungkasane kowe ilang
Neng endi aku nggoleki, tali kutang..

Wanita :
Iki mas taline, tak kondurake
Mergo bapak ra ngeparengake,
Aku dijodohke, malah karo priyo seje
Wis cukup, mung semene wae..

Duh kangmas andum basuki, aku ora bakal lali
Yen Gusti ngeparengake, mesti bali

Pria :
Tali kutang iki, tak simpen tekane pati
Tali kutang saksi tresnaku kang suci

Lirik Sido Rondo
Lirik Sido Rondo
Lirik Sido Rondo
Artis : Cak Diqin feat Dini Aditama

Pa:
Biyen mulo sliramu wis tak aturi,
Golek bojo sing tresno welas sejati,
Pungkasane sliramu digawe loro,
Ora wurung saikine dadi rondho

Pi:
Nanging piye kabeh iki wis kebacut
Ibarat bubur ra bakal dadi sego
Mulo getunku iki tanpo upomo
Ngerti ngono lamaranmu sing tak tompo

reff:
Pa:
Kabeh iki ora perlu digetuni,
Janjiku biyen aku saguh ngenteni..
duet : Kowe lan aku mugo dadi jodone
Lk : Ra keno prawane tak enteni randane

Pa:
Ora nyono sampeyan sabar ngenteni,
Ing nyatane tresnomu tulus lan suci,
Sing tak suwun, sing gede pangapurane
Andhum tresno bebojoan selawase

Lirik Sepur Argo Lawu
Lirik Sepur Argo Lawu

Lirik Sepur Argo Lawu
Artis : Cak Diqin feat Wiwid

Pa:
Sepur sepur argo lawu
Mlayune menyang jakarta
Ancur-ancure atiku
Bacut edan kowe ra tresno

Pi:
Kreta-kreta dwipangga
Berhenti mampir di jogja
Bukannya aku tak cinta
Karna dimarah oleh bapak saya

Pa:
Kreta api argo wilis
Aku opo kurang manis
Sepure argo muria
Kurang bagus opo kurang gagah

Pi:
Kreta api argo anggrek
Tampan manis tidak jelek
Sepure argo bromo
Pilihane bapak wong sing sugih dunyo

Pa:
Sepur sepure sri tanjung
Larane pacaran wurung
Wis tak pikir wis tak petung
Pethuk bapakmu sesuk tak penthung

Lirik Susu Murni
Lirik Susu Murni

Lirik Susu Murni
Artis : Cak Diqin feat Wiwid

Pa :
Wujude pancen cilik
Isine pancen setitik
Ning nyatane
Gede tenan kasiate

Pi :
Lho kangmas kowe kok saru
Aku ra rep nggeguyu
Lha yen perlu
Aku malah nesu nesu

(dialog)
Pa : ngopo ndadak nesu barang?
Pi : Yo nesu sampeyan saru kok!
Pa : Alah kuwi salah ing finaham
Pi : Lha terus opo kae maune
Pa : Ngene lho karepku ngene rungokno

Pa :
Sing cilik kuwi kuthane
Sing sithik penduduke
Kasiat gede kuwi susune
Kang kondang ing boyolali

Pi :
O ngono to mas karepmu
Yen ngono aku setuju
Boyolali pancen wis kondang susune

Pa :
Sing sopo wis ngrasakke
Mesti takon tunggale
Yen wis adoh mesti akeh kangene

Pi :
Susune pancen murni
Mas putih julukane
Soko kutho boyolali tersenyum

Reff :
kembali ke atas wujude pancen

Pa + Pi :
Soko kutho boyolali tersenyum
Soko kutho boyolali tersenyum

Pa : Mik susu ahh

Lirik Sengkaling Ninggal Janji
Lirik Sengkaling Ninggal Janji
Lirik Sengkaling Ninggal Janji
Artis : Cak Dikin feat Endah Laras

Pi :
Ning sengkaling janjimu tak gondeli
Prasetyamu ra pegat tulusing ati
Welas asih nganti tekaning pati
Ning sengkaling janjimu tak gondeli

Pa :
Koyo karang kukuh utuh ing setyo
Tresno welas ra keno den pisahno
Ora pegat nganti pungkasing nyowo
Koyo karang kukuh utuh ing setyo

Pa + Pi :
Ayo ngugemi sumpah lan janjine
Kowe lan aku bareng sak lawase
Jo nganti mengko lamis ing mburine
Sengkaling iki kang dadi saksine

Ayo ngugemi sumpah lan janjine
Kowe lan aku bareng sak lawase
Jo nganti mengko lamis ing mburine
Sengkaling iki kang dadi saksine

Lirik Sarangan Dalam Kenangan
Lirik Sarangan Dalam Kenangan
Lirik Sarangan Dalam Kenangan
Artis : Cak Diqin feat Wiwid

Pi :
Sarangan indah sekali
Sarangan indah sekali
Kenangan si jantung hati
Kita bertemu pertama kali

Pa :
Kanan kiri banyak villanya
Kanan kiri banyak villanya
Jantung hati yang aku cinta
Hidup semati tuk selamanya

Reff :

Pa :
Sarangan banyak perahu
Dirimu sayang jantung hatiku

Pi :
Naik kuda keliling telaga
Pelukan mesra takkan terlupa

Pa :
Indahnya cemara sewu
Akankah kita bersama slalu

Pi :
Indahnya si gunung lawu
Jangan ragukan akan cintaku

Pa + Pi :
Sarangan indah sekali
Kenangan lucu dan geli
Berdua cium dipipi
Dari belakang ditabrak sapi

Berdua cium dipipi
Dari belakang ditabrak sapi

Lirik Roman Ndeso
Lirik Roman Ndeso
Lirik Roman Ndeso
Artis : Cak Diqin feat Wiwid

Pa :
E yen ditamatke
Soko ngarep soko mburi biasa wae
Nanging nyatane
Embuh kepiye rasaku kesedot wae

Pi :
E jebulane
Lha kok podho roso kuwi yo tak alami
Mboh soko ngendi
Ngerti ngerti sliramu nyanthol ning ati

Pi :
E adik sing tenane
Ndak kiro kang sliro ora tau nggape
Dek wingi kuwi contone
Mangsaku ngganteng sliramu kok cuek wae

Pi :
Duh kangmas sopo kondho
Numpak mobil ben tikungan nyenggol dhodho
Senadyan roman ndeso
Dasarku seneng dadi ora opo opo

Pa + Pi :
O pancen tresno
Tekane ora biso dinyono nyono
Ra nom ra tuwo
Biso wae ngalami tresno roman ndeso

Lirik Rondo Gunung
Lirik Rondo Gunung
Lirik Rondo Gunung
Artis : Cak Diqin feat Endah

Pi :
Asem kecut gulo legi
Gulo klopo mas opo gulo batu
Ampun mbacut kulo kandani
Kulo rondo anake telu

Pa :
Pilih ketan opo tape
Podo-podo dik enak rasane
Rabi Piawan abot sanggane
Yen rabi rondo tulus tresnane

Pi :
Kembang mawar mekroke telu yo mas yo
Entuk anyar kowe banjur lali karo aku

Pa :
Semarang kaline gawe yo dik yo
Jo sumelang tresnaku yo mung slirane

Pi :
Abang-abang ora legi yo mas yo
Ngomong sayang ngomong sayang mengko gek ngapusi

Pa :
Suroboyo banyuwangi yo dik yo
Ora liyo sliramu sing tak tresnani

Pi :
Nopo kangmas ora getun
Kulo rondo mas lare saking ndusun

Pa :
Ora gelo ora getun
Nadyan rondo iku kang tak suwun

Lirik Pentil Kecakot
Lirik Penting Kecakot

Lirik Pentil Kecakot
Artis : Cak Diqin feat Wiwid

Pi : Aku takon, ojo sirik ati
Pa : Gek takono, aku kang mangsuli
Pi : Opo ndiko, tresno karo aku iki
Pa : Wani sumpah, wis arep tak rabi

Pi : Takon maneh, ndiko ojo gelo
Pa : Tak jawabe, arep takon opo
Pi : Wani ngrabi, gaweanmu opo
Pa : Pentil kecakot, gawean wis cetho

(dialog)
Pi : Maksud loh, maksud loh
Pa : Tak jelaske, tak jelaskan, ini lho maksudnya

Pa : Tlah ku jawab, bagaimana dinda
Pi : Gawean seru, mbok jangan sembrana,
Pentil kecakot, apa artinya
Pa : Penjaga Tilpun Kecamatan Kota

Pi : Yen mengkono, ayo kapan kawin
Pa : Sesuk esuk, mangkat ning pak modin
Pentil kecakot, opo wis trimo
Pi : Aku trimo, ojo gawe loro

Lirik Pasrah Bongkokan
Lirik Pasrah Bongkokan

Lirik Pasrah Bongkokan
Artis : Cak Diqin feat Minie Karlina

Pa :
Wiwit mbiyen rak wis crito
Aku iki ora legan
Nanging ndiko ra percoyo
Malah duwe roso tresno

Sak jeroning uripku
Durung nate nemoni
Tresno tulus
Jiwo lan ragane

Reff :
Pa :
Walah malah kedadeyan
Kowe telat sewulan
Aku dadi kebingungan
Ra percoyo ning kanyatan

Pi :
Penak podo dirasakke
Rekoso podo disonggo
Ayo maju bebarengan
Ngadep calon mertuwo

Pa :
Luwih becik
Aku pasrah bongkokan