Lirik Langgam Mehrahino

Lirik Langgam Mehrahino
Lirik Langgam Mehrahino

[Bowo]

Ayo rowang hangayahi kardi

Nora kendhat pembanguning deso

Binudi murih becike
Supoyo tansah maju
Ngupokoro karang lan kitri
Guyup rukun tumandhang
Asengkut gumregut
Temah dadiyo toto harjo handayani
Murah sandang pangan yekti
Jro kutho deso-deso [Langgam]
Wus mehrahino
Sumirate ing wetan prenahe
Poro tani wiwit mangkat anggarap sawahe
Amanggul pacul garu luku anggeret kebone
Andelidir ngelur sulur ndadak ono pedhot’e
Gliyak gliyak
Anggliyak tansah rame ing gawe
sesambene tetembangan laras lelagone
Laras lelagone
Mungguh pedahe wanci ngundhuh
tikel pametune
Subur makmur
murah sandang pangan wekasane

Previous Post
Next Post

0 comments:

Thank you for visiting n comment
Please do not leave a live link / active link because it is automatically deleted