Lirik Eling Eling Banyumasan

Lirik Eling Eling Banyumasan

Lirik Eling Eling Banyumasan
Artis : Group Sangga Buana

(bowo pangkur banyumasan)
“Raden Harya Werkudara, nyata lamun satriya jodipati…
Prakoso gagah gung luhur, godeg wok simbar jaja…
Yen ngendika gereng gereng pinda guntur
Dasar satriya prawira rama…..
Eling-eling kula eling gunungane senapati”


Eling eling sapa eling baliya
Eling eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )
Jambe dawe disigar dadi selawe,rama..
Mung sawiji mung sawiji
Mung sawiji kang dadi pilihanku
Eling eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )
Janur gunung sakulon banjar patoman,rama..
Kadingaren kadingaren
Kadingaren kang bagus gasik tekane
Eling-eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )
Sayur pace lembayung pait rasane,rama..
Mangsa borong mangsa borong
Mangsa borong kulo nderek sak kersane
eling eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )

Bendo ijo, doro ijo sakurungan, rama
Jo maido, jo maido
Jo maido nanggap sinden isih bodo
eling eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )

Jambe dawe disigar dadi selawe,rama
Mung sawiji mung sawiji
Mung sawiji kang dadi pilihanku

Previous Post
Next Post

0 comments:

Thank you for visiting n comment
Please do not leave a live link / active link because it is automatically deleted