Lirik Sengkuni Leda Lede

Lirik Sengkuni Leda Lede
Lirik Sengkuni Leda Lede
Artis : Didi Kempot

Kurang bagus brengose ditambah angus
Gandrung randha ambegane melar mingkus
Balung nangka katon ayu randha kembang
Jalan lenggang sengkuni terus terangsang

Bathok bolu manise ngungkuli madu
Pringas-pringis randha ayu gawe miris
Pikir bingung njupuk keris kleru irus
Lagi ngalamun sengkuni diambung wedhus

Jangkrike upa mencok ana lawang
Dhasar mata kranjang durung randha kok diserang
Ja kaya ngono kaya uwak toma
Jarene wis tobat jebulane malah kumat

Sengkuni leda-lede mimpin baris terik tempe
E barise menggok Sengkuni kathoke mlotrok
Sengkuni leda-lede mimpin baris terik tempe
E barise menggok Sengkuni kok malah deprok

Wanci awan Sengkuni uwis arep sowan
Jelalatan weruh prawan menggok dalan
Nunggang jaran lakune kok jondhal-jandhil
Tiba mlumah Sengkuni bacut mecicil

Previous Post
Next Post

0 comments:

Thank you for visiting n comment
Please do not leave a live link / active link because it is automatically deleted