Lirik Rondho Kempling
Lirik Rondho Kempling
Lirik Rondho Kempling
Artis : Manthous feat Sunyahni

Ndak pundi mbak ayu badhe tindak pundi
Kadiingaren tindak wae ora numpak taksi
Dewekan opo ora wedi
Timbang nganggur kula gelem ngancani

Kleresan mas alias kebetulan
Blanjane kathah rodo kabotan
Yen purun enggal-enggal ngrencangi
Tekan ngomah mangke kula opahi

E e tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo napa mbakyu badhe pindahan

Ampun gela mas sampeyan ampun kuciwa
Kula rondho anyaran ditinggal lunga

Awan awan lunga blanja neng pasar pahing
Prawan rondhobagiku ora pati penting

Neng Semarang mas tuku gelang opo anting-anting
Jo sumelang ya ben rondho dijamin kempling

Lirik Loro Bronto
Lirik Loro Bronto

Lirik Loro Bronto
Artis : Sunyahni

Yen kelingan mring sliramu adhuh koyo rinujud atiku
Yen siyang tansah katon mbalelo dalu datan bisa nendro

Opo siro uwis lali tenan ndek semono nate janji
Nedyo arep urip bebarengan bungah susah dilakoni

Nanging aku ora ngiro yen sliramu bakal cidro
Bareng saiki wis mulyo banjur kromo ora nganggo kondho kondho

Wis pesthine lelakonku adhuh aku mung kudu narimo
Sopo kang bisa paring usodo nggonku nandang loro bronto

Lirik Ojo Digondheli
Lirik Ojo Digondheli

Lirik Ojo Digondheli
Artis : Manthous feat Sunyahni

Pr:
Janjine ora tenanan,
Jebule kriwikan dadi grojogan..
Saben saben dielingke,
Nanging sajake kok anteng wae..

Lk:
Pulo pulo wis bejaku yo dik yo,
Wis pancen dadi nasibmu..
Tak suwun marang sliramu,
Ojo dadi runtik ing atimu..

Pr:
Iwak cucut wadahi karung,
Becik mbacut tinimbang wurung,
Aduh mas tinimbang wurung..

Lk:
Ning pasar kok tuku cipir,
Jok samar yen ra tak pikir,
Aduh dik ojo kuwatir..

Pr:
Manuk gagak kok ngaku merak,
Pancen sengojo pancen dijarag,
Aduh mas sakit atiku..

lk:
Ono kadal mangani roti,
Ndang tak budhal ojo digondheli,
Aduh dik ojo digondheli..li..li..

Pr:
Mbang kacang kembang kedele elaa..e,
Glopa glape dadi gawe..
Yen pancen di karepake,
Ayo enggal aku terno mulih wae..

Reff :
kembali ke atas….

Lirik Wuyung
Lirik Wuyung

Lirik Wuyung
Artis : Sunyahni

Laraning lara
Ora kaya wong kang nandhang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan nèng omah bingung

Mung kudu weruh
woting ati duh kusuma ayu
Apa ra trenyuh
sawangen iki awakku sing kuru

Klapa mudha leganana nggonku nandhang branta
Witing pari dimèn mari nggonku lara ati
Aduh nyawa

Duh duh kusuma
Pa ra krasa apa pancen téga
Mbok mbalung janur
Paring usada mring kang nandhang wuyung